Jenis
Tembang Jawa
Ayo padha sinau jenise tembang jawa!
Yen ora awake dhewe..., sapa maneh sing arep nguru-uri budayane dhewe?
Aja nganti direbut utawa diklaim dadi budayane negara liya.
Tembang jawa
iku ana papat jenise, yaiku:
Yen ora awake dhewe..., sapa maneh sing arep nguru-uri budayane dhewe?
Aja nganti direbut utawa diklaim dadi budayane negara liya.
1. Tembang Macapat (Tembang Cilik)
Tembang Macapat yaiku tembang sing kaiket
dening aturan-atauran yaiku:
a. Guru Gatra = Cacahe Baris saben Pada(bait)
a. Guru Gatra = Cacahe Baris saben Pada(bait)
b. Guru Wilangan = Cacahe Wanda/pakecapan(suku
kata) saben gatra
c. Guru Lagu = dhong-dhinge swara(muni vokal) ing pungkasane gatra.
c. Guru Lagu = dhong-dhinge swara(muni vokal) ing pungkasane gatra.
Tembang Macapat ana 11 yaiku:
1. Mijil
2. Maskumambang
3. Gambuh
4. Sinom
5. Asmarandana
6. Dhandanggula
7. Kinanthi
8. Pangkur
9. Durna
10. Megatruh
11. Pucung
2.Tembang Tengahan
Perangane Tembang Tengahan ana 4, yaiku:
a. Balabak
b. Girisa
c. Jurudemung
d. Wirangrong
3.Tembang Gedhe
Perangane tembang Gedhe ana 4, yaiku:
a. Minta Jiwa
b. Citra Mengeng
c. Kusamastuti
d. Pamularsih
4.Tembang
Dolanan
Perangane tembang dolanan ana 2, yaiku:
a.Tembag
dolanan gagrag lawas
– Gundul
Gundul Pacul
– Pendhisil
– Wajibe Dadi Murid
– Jaranan
– Lir-Ilir
– Cublak-cublak suweng
– Aku Duwe Pitik
– Sinten Numpak Sepur
– Menthog – Menthog, dsb
b.Tembang Dolanan Gagrag
Anyar
Tembang dolanan gagrag anyar yaiku tembang dolanan kreasi anyar, gampang dimangerteni makna lagune,lan jeneng pengarange jelas. Yen tembang dolanan
gagrag lawas dianggit wis suwe tenan,dadi tembang dolanan gagrag anyar
dianggit durung pati suwe, skitar tahun setelah 1900 an. Conto tembang dolanan gagrag anyar yaiku:
- (Karya Ki Narto Sabdo ) Gugur Gunung, Lumbung Desa, Tahu-tahu Tempe, Jamu Jawa, Gula Klapa.
- (Karya Ki Anom Suroto ) Solo Berseri lan Mas Sopir.
- (Karya Sarwanto, S. Kar ) Wonogiri Sukses
Nah...iku mau jenise tembang jawa lan conto-contone, nanging isih ana maneh tembang liyani.
Ayo awakmu iso tembang sing endi? Coba nembango!
Ayo awakmu iso tembang sing endi? Coba nembango!
Sampun dikerjakan
BalasHapus